Syiir Pujian Jawa
Ajarane Wali Songo
Do ilingo iki zamane wes tuwo
Tuntunan agomo do dianggep kuno
Lakonono ajarane Wali Songo
Seng ra kerso ojo nyacat ojo ngino
Ajarane Wali Songo werno-werno
Dzikir tahlil kirim dungo lakonono
Moco quran lan sholawat kulinakno
Ziaroh kubur ojo nganti dilalikno
Ono carane dakwah klawan budoyo
Umpomone koyo Sunan Kalijogo
Pituture mlebu ati ora kroso
Tuntunan agomo biso diamalno
Wes kebukten rikolo zaman sakmono
Akeh poro menungso nyembah berholo
Banjur sadar laku musyrik ditinggalno
Podo nderek ajarane Wali Songo
Komentar
Posting Komentar